Kamis, 05 November 2015

Basa Jawa : Gancaran (Parafrase) Tembang Kinanthi

No.
Pada
Gancaran  (Parafrase)
1.
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
Wong iku kudu nglatih ati supaya peka. Aja tansah mangan lan turu. Kekendelan sing diutamakake utawa digatekake. Kudu bisa nahan hawa nepsu, ngurangi mangan lan turu.
2.
Dadiya laku niraku, cegah dhahar lawan guling, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.
Dadikake gaweyan, ngurangi mangan, turu, lan seneng-seneng. Seneng-seneng mung sedela wae. Ala lakune wong kang seneng  keluweh-luwehan, amarga bakal ngurangi kawaspadanan ati.
3.
Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelaki wong ala, kang ala lakunereki, nora wurung ngajak-ajaksatemah anunelari.
Yen wis dadi wong agung utawa wong sing nduweni drajat. Aja seneng gumedhe ing dhiri. Aja nyedhaki wong kang lakune ala. Sing senenge ngajaking pagaweyang kang ala.
4.
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil, yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
Senajan seka wong ngisor, yen lakune becik utawa sugih crita sing bisa dadi tuladha. Yen pantes, cedhaki wae ben bisa munggahake laku kang becik.
5.
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep keh durjana, tan wurung bisa anjudi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung dadi maling.
Yen wong enom wis tamtu, manut marang wong sing ngadhepi. Yen sing ngadhepi nglakoni sing ora becik utawa ala, dadi wong kang diadhepi utawa wong enom bakal ketularan dadi ala.
6.
Sanadyanta nora melu, pasti wruh lakuning maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha gelis bisa, yeku panuntuning iblis.
Senajan ora melu, mesthi weruh lakune maling. Sing nggawe ala kuwi, sok weruh cepet bisa yaiku tuntunane iblis.
7.
Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen during linakwan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mumfa’ati badaneki.
Panggawe becik kuwi, gampang yen wis kelakon, nanging angel yen durung kelakon. Arang-arang nglakoni, tur kuwi kudu dilakoni kanggo manfaatake badan.
8.
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor dipun bucal, umbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk kang den gulang, kumenthus lengus kumaki.
Yen wong enom-enom ing masa iki, kurang andhap asor. Bisane mung umuk ing dhiri, sing dlatih mung ngomong gumedhe, kumenthus lengus kumaki.
9.
Sapa sira sapa ingsun, angalunyat serta edir, iku lambanging wong ala, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, kang ala miwah kang becik.
Apa wae sing tak lakoni, angalunyat serta umuk. Padhahal iku lambange wong ala. Wong enom yen adoh saka wong becik, emoh mirengake crita, kang ala lan kang becik.
10.
Carita pan wus kalaku panggawe ala lan becik tindak bener lan kang ora kalebu jro cariteki mulane aran carita kabeh-kabeh den kawruhi.
Kadadeyan sing wis klakon bisa nggawe ala lan becik. Tumindak bener lang kang ora klebu ing jero crita iki, mulane yen nggoleki crita kabeh-kabeh sing ngilmuni.
11.
Mulane wong anom iku becik ingkang ataberi jejagongan lan wong tuwa ingkang sugih kojah ugi kojah iku warna-warna ana ala ana becik
Mulane wong enom iku becik kang ataberi jejagongan lan wong tuwa kang sugih crita utawa pengalaman. Crita utawa pengalaman kuwi uga warna-warna, ana sing ala la nana sing becik.
12.
Ingkang becik kojahipun sira anggoa kang pasthi ingkang ala singgahana aja sira anglakoni lan den awas wong akojah iya ing mangsa puniki.
Crita kang becik anggoa kang pasthi. Crita kang ala singgahana, aja dilakoni lan wong kang nduweni crita iku ya wong ing mangsa iki.
13.
Akeh wong kang sugih wuwus nanging den sampar pakolih amung badane priyangga kang den pakolihken ugi panastene kang den umbar tan anganggo sawatawis.
Akeh wong kang sugih pengalaman nanging diterak. Mung dinggo muwasake badan priyangga kang dipuwasake uga gampang nesu kang diumbar lan dinggo mung sementara.
14.
Aja na wong bisa tutur ngemungna ingsun pribadi aja na kang amemadha angrasa pinter pribadi iku setan nunjang-nunjang tan pantes dipun pareki.
Wong kang nduweni laku gumedhe karo awake dhewe iku angonane setan kang pantes dipareki.
15.
Sikakna den kaya asu yen wong kang mangkono ugi dahwen open nora layak yen sira sandhingan linggih nora wurung katularan becik singkirana ugi.
Kudu bisa nyegah wong kang kaya asu, yen ana wong sing kaya ngono uga ora layak yen lungguh sandhingan, amarga ora bisa ketularan becik.
16.
Poma-poma wekas ingsun mring kang maca layang iki lair batin den estokna saunine layang iki lan den bekti mring wong tuwa ing lair prapta ing batin.
Saumpama wekas marang kang maca pesen iki, lair batin diestokna saunine pesen iki lan bekti marang wong tuwa ing lair tekan ing ati utawa batin.

8 komentar: